Desa Gilang yen disawang satleraman mung minangka dhaerah pinggiran. Nanging walike iku nyimpen maneka potensi kang ora kalah karo dhaerah liya. Wiwit saka pertaniane, industrine lan seni budayane, kang ora nutup kemungkinan ing tembe mburi, bakal dadi tujuan wisata kang pantes dirasakake dening para wisatawan, ora mung mligi wisatawan lokal ning uga tumrap wisatawan manca negara.

Adhedasar administrasi Desa Gilang kaperang dumadi pitung lingkungan. Desa Gilang isih klebu wewengkon Kecamatan Ngunut Kabupaten Tulungagung. Kanthi Motto ” Ayem Tentrem Mulyo Lan Tinata”, bisa di buktekake tumrap sapa wae kang saka sanjabane desa. Sabanjure yen mlebu Desa Gilang bakal ngrasakake kaendahan desane, merga saben latare utawa cepurene pendhudhuk bisa diweruhi maneka tetanduran, kayata pelem, rambutan, lan sawo. Nanging sing luwih dominan ing kene rambutan sing bisa digawe es buah. Kejaba iku kanthi ciri khas pendhudhuke kang ramah ” Guyub Rukun”, bakal nyapa sapa wae kang ditemoni.

Ngancik umur 184 taun, Desa Gilang wis ndudohake jati dirine minangka desa kang duwe potensi, duwe prospek menyang ngarep. Minangka sawijining desa, Gilang wis ngalami maneka owah – owahan kang cukup cepet. Ing bidhang budaya, pertanian, pariwisata, lan liya – liyane. Semono uga pemimpin kang nyetir rodha pemerintahan, wis dipimpin wong sewelas wiwip saka Panji Wulung nganti Bambang Prasetya, A.Md.

Dununge Desa Gilang ing garis 111.59”-112.20” bujur timur lan 7.50”-8.20” lintang selatan. Ing sisih lor ana rel sepur jurusan Blitar – Tulungagung. Ing tengah ana kali Lodagung ( Lodoyo Tulungagung). Sadurunge dadi desa isih wujud alas wingit, jalma mara jalma mati, sato mara sato mati. Sawise klakon dibabat isih dadi ara-ara. Sawise ditanduri palawija lan pari banjur dadi pategalan lan sawah. Krana sing manngon kono saya suwe tambah akeh banjur dadi karang padesan.

Nalika madege Katumenggungan Wajak ( Boyolangu ) ing jaman Sultan Agung nganti adeg Kadipaten kang pusat pemerintahane ing wajak wiwit perjanjian Giyanti. Iki dumadi antarane taun 1615-1709 Masehi ing jaman Mataram Islam lan Jaman Kolonial. Kang dadi Tulungagung I yaiku Senapati Mataram Surantani. Surantani I disarekake ing Desa Wajak Kidul. Dene Surantani III ( Kertoyudo ) disarekake ing Desa Tanggung Campurdarat. Katumenggungan Wajak mati sawise lair Kabupaten Ngrawa ( 1709 – 1901 ) kanthi ibukota Kalangbret. Jeneng ”Rawa” wis dikenal wiwit taun 1190 Masehi ( Prasasti Kemulan ) lan dibaleni ing Negarakertagama ( 1365 Masehi ). Jeneng iki sabanjure owah dadi ” Ngrawa”. Ing jaman iki jeneng ”Gilang” durung dikenal. Sebab, sing kenal malah alas wonosari sing ambane padha karo Desa Gilang lan Desa Karangsari saiki. Wektu iku alas Wonosari isih klebu wewengkon Kadipaten Aryo Blitar.

Sapungkure Perang Diponegara ( watara taun 1830 ) alas wonosari kasebut wiwit dibabat. Sing mbabat sepisanan Senopati Mataram Panji Wulung ( Prajurit / Setana / Tumenggung Alap Alap Jaman Perang Diponegara ). Anggone mbabat diawiti saka pinggir lor ( saiki Desa Gilang ) lan kidul ( saiki Dusun Soko ). Sing mbabat kapindho Sudarmo, isih kapernah murid kinasihe Kiyai Mojo ( Diponegara ). Panji Wulung disarekake ing Pundhen Jenar ( pundhen lor / sakidule rel sepur ). Sudarmo disarekake ing Pundhen Ringin ( pundhen tengah / saelore kali lodagung ). Dene Pundhen Waru ( pundhen kidul ) ora ono gandheng cenenge karo Panji Wulung.

Perlu kawuningan sawise Panji Wulung kasil mbabat alas Wonosari banjur ngedegake padhepokan Ploso Jenar. Saka padhepokan bareng dadi desa rame banjur katelah Desa Sokosari. Dijupuk saka tembung ”wono – Sari ” wono : alas ( sepi ), bareng rame ( ora sepi ), suko ( soko ): Sokosari. Ing prasasti Watu Gilang madege Desa Sokosari tinulis angka taun 1804 Masehi, ing jaman KRT Pringgodiningrat Bupati Ngrawa ka – 4 , prasasti watu gilang cacahe ana loro. Sing siji mapan ono pundhen Ringin ( Desa Gilang ), sing sijine mapan ana ing makam soko ( Desa Karangsari ). Mung emane sing ana Desa Gilang kahanane wis rusak ( miturut katrangan kang kasil diklumpukake dening penulis krana dirusak wong jaman Gestok / Sakerah ). Ya untunge, sing ana makam soko isih wutuh saengga penulis isih bisa nglacak laire Desa Sokosari.

Ing buku Tulungagung dalam Sejarah lan Babad dijlentrehake yen KRT Pringgodiningrat Bupati Ngrawa ka- 4 mindahake ibukota Kabupaten Ngrawa menyang sisih wetan kali Ngrawa yaiku lokasi saiki. Sabanjure kutha anyar iki didadekake pusat pamarintahan utawa ibu kota Kabupaten Ngrwa. Dumadi wiwit jaman kolonial nganti saiki. Ing taun 1800-an nganti taun 1901 jenenge ” toeloeng Agoeng”. Wis dianggo salah sawijining distrik ing wilayah Kabupaten Ngrawa. Jeneng Kabupaten Ngrawa owah dadi Kabupaten Tulungagung tanggal 1 April 1901 yaiku jaman pamarintahan Bupati Ngrawa ka-11 RT Partowijoyo. Owahe dadi Kabupaten Tulungagung diwenehi tenger Reca Dwarapala cacah wolu ing tapelwates kutha Tulungagung. Sawise owah dadi Kabupaten Tulungagung Desa Sukosari banjur mlebu wewengkon Kabupaten Tulungagung.

Nalika pamarintahan kolonial mbangun Pabrik Gula Kunir ( 1918 ) ing Kunir ( saiki Kaliwungu ) jeneng ”Sokosari” wis wiwit arang keprungu . Geneya? Sebab wujude isih persil-persil ( 132 persil ). Apa maneh bareng dipecah dadi loro ( Watara taun 1938 ) jeneng ”Sokosari” malah ambles kaya dieleg bumi.nsing sisih kidul mlebu wewengkon Kecamatan Rejotangan dadi Desa Karangsari. Jeneng ”Karangsari” dijupuk saka Karang padhesan lan Wonosari. Dene bekas alas babadan pinggir kidul dadi Dusun Soko. Jeneng ”Soko” dijupuk saka Sokosari. Lha sing sisih elor mlebu wewengkon Kecamatan Ngunut dadi Desa Gilang. Jeneng ”Gilang” dijupuk saka Prasasti Watu Gilang. Dene bekas

Padhepokan Ploso Jenar dadi Pundhen Jenar. Pundhen Jenar cacahe uga loro. Sing siji ana ing Desa Gilang, Sing sijine maneh ana ing Desa Panjerejo ( sakulone Makam Soko ).

Sasurute Panji Wulung, minangka Lurah Gilang sing sepisanan yaiku

  1. Codrono
  2. Kriyo Joyo
  3. Ponco Wiryo
  4. Bersit
  5. Wasiyo
  6. Monidjan
  7. Saidi
  8. Samad
  9. Sugeng
  10. Juman, S.Sos
  11. Bambang Prasetya, A.Md

Mekaten ingkang saget kawulo haturaken minongko pepenget dumateng warga Dusun Gilang ngantos putro wayah wonten ing tembe wingking.